BAB I
PANDISIKAN
1.1 Latar Belakang
Mboten saget dipungkiri,
kahadiranipun barang elektronik ingkang bisa nglakokake apa mawon kalebu
dolanan, saking dolanan online nganti offline sanget ndamel dolanan-dolanan
ingkang pernah wonten lan kita lakok ake sakniki sampun ngilang mboten nate
dimaenake ing lingkungan masyarakat. Kathah para bocah cilik ingkang sampun
seneng dolanan game kayata angry bird, pokemon go, coc, lan sapanunggalane
katimbang dolanan tradisional kayata gembatan. Alasanipun reno-reno, saking
panas ingkang dolanan ing jobo ruangan lan dolanan tradisional sampun mboten
jamanipun maneh. Sakjanipun ameh sadoyo mawon dolanan tradisional niku mampu
manehi kaluwihan dampak ingkang becik katimbang dolanan game ing telpon
pintere.
Salah satunggal dolanan ingkang
sampun kasisih saka gadgat lan jarang dimaenake kalihan para bocah sak niki
yaiku “Gembatan”. Dolanan kaya opo niki ? dolanan ing dikhususake kagem para
arek lanang ? Ya mboten lanang mawon ingkang saget dolanan niki, arek wadon
inggih saget dolanan kayata gembatan meniko.
1.2 Rumusan Masalah
Kaedah-kaedah ing dadi rumusan yaiku
kayata :
Kaya apa sih dolanan gembatan iku ?
Napa wae alat ingkang dibutuhake
kagem dolanan ?
Kepriye cara nglakokake dolanan ?
Punapa wae faedah utawi manfaat
ingkang saget di unduh saking dolanan niki ?
1.3 Tujuanipun Panulisan
Tujuanipun saking panulisan makalah
niki :
Supados para pelajar utawi masyarakat
lainne, saking arek nom utawi arek cilik-cilik ngartos kapriye caranipun
dolanan gembatan lan ngartos faedahe saking dolanan kasebut.
Supados para pelajar ngartos lan
sadar ingkang dolanan tradisional sakniki sampun mulai ilang saka lingkungan
masyarakat terutamanipun para bocah-bocah.
1.4 Faedah Panulisan
Supados saget ngartos lan mugi-mugi
saget nglestarekake dolanan tradisional gembatan niki lan nerapake dateng
lingkungan.
BAB II
PEMBAHASAN
2.1 Pengertian Permainan Tradisional
Gembatan
Gembatan kalebu dolanan tradisional
ingkang lahir saka daerah Jawa Barat khususipun ing daerah Sunda. Dolanan niki
biasanipun dimaenake kalihan bocah lanang-lanang. Ananging dolanan niki mboten
dikhususake kagem kaum adam mawon, kaum hawa inggih saget maenake dolanan
gembatan niki. Sakjanipun dolanan niki nduweni jeneng ingkang bedo-bedo ing
saben daerah, kayata ing daerah Pati, Jawa Tengah dolanan niki jenenge Gaprek
Kempung. Ing Daerah Sunda ana ingkang nyebut boy-boyan, ana malih ingkang
nyebut bebencaran. Lan ing saben daerah liya dolanan niki biasa kasebut Gebokan
utawi Gembatan. Suara ingkang ditimbulake menawi bal karet ing digunakake ing
dolanan niki ngenani awak utawu anggota tubuh liya saking dolanan niki
limbulake suara “Gebok”.
Dolanan ingkang saget dieloni kalihan
paling satitik tigo utawi saget luwih, gembatan iki dewe sajenise dolanan
kayata bal gedi sakempalan tangan ing jero oleh di isi saka buntelan kertas
utawi kain ingkang penting saget mbentuk bal cilik lan ana tumpukan genting
pecah minimal 7 tumpukan.
2.1
Alat alat Ingkang Diperluake Kagem Dolanan
Pecahan genteng atau gerabah, pecahan asbes, potongan kayu, atau pacahan
batu bata, atau kaleng susu, lan sapanunggale.
Bal plastik, bal tenis utawi ndamel piyambak saking untelan kertas sing
dibungkus kresek lan ditali ngagem tali karet.
1.3 Panggon Dolanan
Ing dolanan gembatan niki, biasanipun dilakukake ing panggonan ingkang
jembar, kayata lapangan.
2.1 Caranipun Dolanan
Dolanan diawiti saka nglakokake HomPimPa, ingkang kalah dadi sing bagian
nyusun pecahan genting lan sing menang dadi ingkang nguncal bal saking jarak 3
meter.
Ingkang sing tugas dados nguncal pecahan genting iku nganti ambrok lan
ingkang sampun ambrok sedaya, pihak ingkang njaga (kalah) lan kudu nguber pihak
sing nguncal (menang), kelompok sing bagian nguncal kudu ngindar saka uncalan
kasebut, lan sing diuber (menang) kudu nata manih pecahan genting ingkang
sampun deweke ambrokne ngantik ngadek kasusun malih.
Dolanan sampun cekap ingkang sampun wanten sing bagian nguncal ngadekaken
susunan genting menika kanti utuh manih, lan saget ngindari uncalan bal saking
penjaga, kanti skor 1 – 0 kagem penguncal
2.1 Faedahipun Dolanan
Kagem nglatih gerakan yaiku wonten 4 gerak awal ingkang ana ing dolanan
gembatan yaiku : mlayu, nglindingake bal, nguncal bal, lan nembak bal
Kapingenipun saget nglatih kreatifitas saking mikir lan saget ningkatake
semangat lan motivasi ingkang nglakokake
dolanan.
Saget nglatih sportifitas lan kerja sama para pemaen
BAB III
PANUTUP
3.1 Kesimpulan
Dolanan gembatan katah manfaat lan faedahipun ingkang sing
nglakoni khususipun kalihan bocah-bocah yaiku nglatih obah lan kreatifita.
Dolanan niki sampun dilalekake kalihan para bocah sebab rata-rata bocah sakniki
dolanan kalih gadgat piyambak- piyambak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar